Naruto Uzumaki Shoulder Pump ATUR PAMBAGYA | R.I.M.A

Minggu, 08 September 2013

ATUR PAMBAGYA


ATUR  PAMBAGYA SYUKURAN LULUS SARJANA

Nuwun. Para pinisepuh ingkang pantes kinurmatan, para sesepuh ingkang satuhu kinabeten, saha para ingkang rawuh kula mulyakaken. Saderengipun kula matur wonten king ngarsa panjenengan sedaya, kepareng kula nyuwun agunging samodra pangaksama awit cumanthaka kumawontun ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan sami.
Ing ngriki kula kadhawuhan matur wonten panjenengan sami, awit saking raos suka sukur saha bombing gembiraning manah Bapak Sujatmika sekaliyan, saengga boten kuwawa matur piyambak dhumateng panjenengan sami.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mangga langkung rumiyin kita ngaturaken puji sukur wonten ngarsanipun gusti ingkang agawe jagad, awit saking berkahipun kita sedaya tansah ginanjar kawilujengan, saengga kita sedaya saged ngestreni pahargyan ing dinten menika.
Ingkang kaping kalih, Bapak Sujatmika sarimbit ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya kanthi renaning penggalih nglonggaraken wekdal rawuh  ing griya  ngriki, saperlu ngetreni anggenipun Bapak Sujatmika sakluwarga nampi kanugrahaning pangeran, dene putranipun ingkang pambajeng ingkang katengeran nama Wulandari sampun purna anggenipun ngangsu kawruh ing pawiytan Universitas Gajah Mada kanthi biji ingkang maremaken, ingkang salajengipun kala dinten Rebo paing, surya kaping sedasa wulan Oktober kapengker sampun kalampahan winisuda dados sarjana ing babagan Farmasi.
Kaping tiganing Bapak Ibu Sujatmika sekaliyan nyuwun tambahing pangestu dhumateng para pinisepuh saha pajurung aminipun para rawuh ingkang kaleres enem, muga-muga ingkang putra pun Wulandari saged ngiinakaken kawruh saha kapinteranipun dhumateng sesame, minggahipun sageda mupangataken kawruhipun tumprap kemajenganipun bangsa tuwin Negara.
Kaping sekawanipun Bapak Sujatmika sekaliyan nyuwun lumunturipun sih samodra pangaksama awit saking kathahing penggalih, Bapak Ibu Sujatmika sekluwarga boten saged nampi rawuhipun panjenengan sedaya. Kanthi papan ingkang murwat saha dhedhaharan ingkang mranani penggalih panjenengan sedaya.
Ing wasana Bapak Sujatmika sarimbit, nyuwun kanthi adrening manah, mugi-mgi panjenengan sedaya wonten dhanganing penggalih kersaa nyekecakaken anggenipun lelenggahan ngntos paripuna pahargya menika. Wondene ingkang sampun sami lumados wonten ngarsa panjenengan sami, kersaa ngarahabi kanthi sekeca.
Panutuping atur kangge kula piyambak, mbok bilih wonten tata rakiting atur saha salah bawa ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya, boten sanes kula pribadi nyuwun agunging sih samodra pangaksama.
Nuwun.

0 komentar:

Posting Komentar

Popular Posts

About Me

Followers

Diberdayakan oleh Blogger.