Naruto Uzumaki Shoulder Pump Conto Muswasarah Basa Jawa | R.I.M.A

Senin, 17 Februari 2014

Conto Muswasarah Basa Jawa



MUSAWARAH
Tema                     : musawarah rutin DA 35 SMA N 1 MUNTILAN
Paraga                  :
a.       Pradana (pemimpin rapat)           : Fauzi
b.      Jurang (juru uang)                           : Anggi
c.       Wali sangga penegas                      : Ery
d.      Wali sangga pencoba                      : Rima
e.      Wali sangga perintis                        : Ulfa
Pambuka             :
Ing dinten Jum’at tanggal 10 Januari 2014, DA 35 SMAN 1 MUNTILAN ngawontenaken musawarah babagan proker kagem kegiyatan pramuka ing semester kalih.
Isi                            :
Fauzi         :”Assalamu’alaikum Wr. Wb.”
Sedaya    :”Wa’alaikumussalam Wr. Wb.”
Fauzi         :”Wonten ing dinten menika kita badhe musawarah kagem ngrembag kagiyatan kita kagem semester kalih menika. Menawi wonten usulan mangga dipunandharaken.
Ery             :”Kula, Ery, perwakilan saking sangga penegas, gadhah usulan inggih menika menawi ngawontenaken kegiyatan langkung becik menawi dipun asringaken wonten ing njawi kelas, supados adhik-adhik boten bosen nalika pramuka. Mmm…mekaten kemawon saking kula, maturnuwun.”
Anggi        :”Nggih, nggih leres menika.”
Fauzi         :”Oh nggih, menika saged dipuncobi, menapa wonten usulan malih?”
Ulfa           :”Kula, Ulfa, perwakilan saking sangga perintis. Kula gadhah usulan menawi rikala menehi materi wonten kelas menika kedah dipunselingi kalian guyonan supados boten monoton lan supados adhik-adhik boten bosen. Mekaten kemawon, matur nuwun.”
Anggi        :”Nggih, kula setuju kaliyan Ulfa, ananging manawi wonten guyonan menika mangkih adhik-adhik dados boten konsentrasi kaliyan materinipun lan mangkih malah materi ingkang badhe dipunandharaken boten saged pungkas.”
Ulfa           :”Nggih, niku wau lak namung dados selipan kemawon supados adhik-adhik boten bosen.”
Fauzi       :”Nggih, nggih, nggih, sampun, kita pendhet tengahipun kemawon saking usulan wau. Miturut pamikiranipun kula, boten menapa menawi rikala menehi materi dipunselingi game utawi guyon, ananging ampun ngantos guyonipun langkung kathah tinimbang materinipun, supados materinipun tetep rampung. Menapa wonten usulan malih?”
Rima         :”Kula, Rima, wakil saking sangga pencoba. Eem..kula namung badhe ndugekake kritikipun saking adhik-adhik. Ee…pripun menawi wonten kagiyatan pramuka menika kadang kala adhik-adhik diparingi snack, amargi kala wingi menawi adhik-adhik dipunsuwun maringi kritik lan saran, wonten adhik-adhik ingkang nulis mekaten , ”Mbak mbok nek pramuka ki wei snack, nek sore   ki wis dho ngelih we…kan tiap minggu bayar Rp500.00 to?” Nah menika, pripun?”
Ery             :”Eee..kula kirang setuju, amargi saben bocah menika namung iuran Rp500.00 saben minggu, napa nggih Rp500.00 saged damel tumbas snack? Napa malih DA kedah gadhah arta kas damel kegiyatan sanesipun.”
Rima         :”Nggih maksud kula boten kedah saben minggu sepindah, nanging saged tigang minggu sepindhah utawi saben wulan sepindhah kemawon. Oh nggih, wau nika dipunsebataken menawi iuran saking adhik-adhik dipunlebetaken kangge kas DA amargi DA kedah gadhah kas damel kagiyatan sanesipun, padahal menawi badhe wonten kegiyatan sanesipun mesthi dipunsuwuni iuran malih to?”
Ulfa           :”Kula boten setuju kaliyan usulanipun Rima menika, amarga menika saged nambahi pengeluaranipun kas DA lan awit saking rumiyin boten wonten tradisi maringi snack kagem adhik-adhik.”
Rima         :”Nggih niki wau, kula namung ngandharaken kritik saking adhik-adhik. Nah, cobi dipunsebataken kagem menapa kemawon arta menika supados ing wedal sanes yen wonten adhik-adhik ingkang taken, kula utawi DA sanesipun saged anggenipun mangsuli amargi kula kinten boten sedaya anggota DA menika ngertos alokasinipun iuran menika.”
Fauzi         :”Oh nggih. Kula nggih boten imut kagem menapa kemawon iuran menika. Supados langkung gamblang, Mbak Anggi  ingkang dados jurang, mangga dipunjlentrehaken.”
Anggi        :”Nggih. Eemm… iuran saben minggu menika sampun dipunginakaken kagem baksos wonten Sawangan kala wingi menika. Kaliyan iuran menika badhe dipunginakaken kagem nambahi dana transportasi big camp ing samangkih. Sampun, namung menika jlentrehanipun alokasi iuran saben minggu menika.”
Fauzi         :”Nah, niku.”
Sedaya    :”Oooo….mekaten to.”
Fauzi         :”Menapa wonten pitakenan utawi usulan malih?”
Sedaya    :”Sampun, boten. Maturnuwun.”
Fauzi         :”Nggih niku wau kasilipun musawarah kita. Kula waosaken, ingkang sepindhah, menawi kagiyatan pramuka kita asringaken wonten njawi kelas. Sarujuk napa boten?”
Sedaya    :”Nggih.”
Fauzi         :”Kaping kalih, menawi menehi materi dipun selingi guyon supados boten monoton. Pripun?”
Sedaya    :”Nggih. Sarujuk sanget!”
Fauzi         :”Ingkang usulan kaping tiga dingapunten dereng saged dipunginakaken , amargi iuran saben minggu menika sampun dipunginakaken kagem kagiyatan sanesipun.”
Sedaya    :”Nggih.”
Fauzi         :”Nggih. Mekaten rapat kita dinten menika. Mugi-mugi wonten manfaatipun. Kula tutup. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.”
Sedaya    :”Wa’laikumussalam Wr. Wb.”

0 komentar:

Posting Komentar

Popular Posts

About Me

Followers

Diberdayakan oleh Blogger.